KLIK !!!!!!!!!!!!!!!!!!

MANFAAT ALOE VERA (BAHASA JAWA)


Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.
.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.
http://www.mardi.my/bdc/herba/Aloeve.jpg
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.
Carane ngramu
Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu.
Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore.sawise mangan
Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang wisa mateng. Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob. Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore..
Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Nulli dikumbah resik.Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3 gelas,banjur didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.
Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100 gram temulawak’ 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos.14 gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram godhong kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak. Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring. Asil saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina ,esuk lan sore

Tamba asma : 300 gram lidah buaya dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane diombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan sore,saben sakombenan 1 sendok teh

Warna-warna penyajian

Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan seger ,wektu iki uga akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate. Wektu iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa panjenengan kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta mesthi mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget,bisa ngurangi rasa sebah panggonan weteng.. Kepriye carane gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah resik,banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender. Sawise iku potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga ilang lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik mau banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga santene digawe pisah..

.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.

Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg daging lidah buaya. ‘ 3 gram ager-ager bubuk utawa ½ bungkus. Carane nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam askorbat sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender. Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk ,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap dikemas nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane nggawe : Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe sing panas utawa dioven. Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong kertas kayadene teh celup.
: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700 gram tepung ketan’ 400 gram tepung beras;2 kg gula pasir’ 2 liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo 100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji ); ager-ager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel. Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buayayaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri : werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet. Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya : banyu 1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml. Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan plastic Lebokna ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah 0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90 derajat Celcius nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake (digodhog sajrone banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5 –2,5 cm saka ndhuwur tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur ditutup rapet lan kareben adhem ing suhu ruangan..Panggonan botol diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya bisa dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe : mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500 cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150 gram gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk bageyan kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa kubus. Sawise iku potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan kapur sirih sajrone 30 menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo banyu umob sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe ,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong nganti umob. Sawise umob potongan lidah buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan banjur diangkat lan siap diombe sawise adhem. Uga bisa ditambahake es batu utawa es serut.
Peluang bisnis
Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi obat,kosmetikalan minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah buaya nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane ing Indonesia budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring mrangguli isih akeh lemah kang nganggur during bisa dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake budi daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi tepat guna uga wis ana kaya kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita uga perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat Apa maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah perkotaan bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha nandur lidah buaya limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa ngolah arupa cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah nilai ekonomis tanduran iki. . Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung wargane budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya gampang lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi masa produksi 7-8 tahun. Mangga dicoba!******(Saka warna-warna sumber : Lukyastirin D )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar